.: J I D O R :.
Jidor kuwi misuh sing tegese podho karo luweh, ning kasar banget.
Ora ngerti seko endi asale tembung Jidor kuwe, mbiyen okeh wong nek misuh terus muni Jidor, masiyo ngono tekan saiki kolo-kolo ijih sok krungu wong sing misuh Jidor.
Nek kelingan tembung Jidor kuwe nyong sok ngguyu dewe.
Kelingan jaman mbiyen konco-konco dho nggawe kaos sik tulisane “Jidor Aahhh” nang mburi (geger)
Critane konco-konco (sik cacahe 5) dho dadi buruh, merga juragane sik wedok ke crigis tur guthil, nek kongkonan ra ndelok kahanan, lha konco-konco kuwe dho mangkel ning ra kewetu merga rikuh karo juragane sik lanang.
Akhir-e dho rembugan priye nek nggawe kaos hae, ning mburine ono tulisane “Jidor Aahh”, dadine nek di kongkon juragane wedok nang ngarep muni “ngGih”, ning bareng mungkur muni “Jidor Aahh”.
Pungkasane misuh kuwe keno-keno hae, ning ndelok-ndelok kiwo-tengen ro kahanane, ojo nganti marahi bocah-bocah (ABG opo maneh balita sak kiwo-tengene), tur ojo sok seneng misuh-misuh.
JIDOR AAHH